Pupur Sawise Benjut
Dening Anggalih Bayu Muh Kamim
Esuk kuwi Kang Tohar wis tangi saka turune. Sakwise tangi
dheweke menehi pangan pitik jagone neng ngarep omahe. ning ora sabaenene, raine
kedelok pucet lan kaya lagi akeh masalah. Ora sabaenene uga dheweke nyuwe-suwe
menehi pangan pitike. Tono, tangga Kang Tohar rumangsa sedhih karo apa sing
lagi kedadean ? karo kewanenane dheweke nyelaki Kang Tohar.
“ Kang, ana apa kayane akeh masalah”, takon Tono.
Ning Kang Tohar ora banjur njawab pitakonan Tono kuwi. Tono
tambah sedhih. lan mikir apa sing lagi kedadean neng awak Kang Tohar ?. Bakul
sing dikenal murah esem kuwi saiki anyak kelangan rai legine. ora sabaenene
Kang Tohar manggawe kaya iki. Ning amarga ora tega, deleng Tono sing terus
mikirake dheweke. Kang Tohar njawab pitakonan Tono.
“ Ngene, Ton. aku iki kan Bakul.”
“ bener Kang”, jawab Tono.
“ aku iki saiki lagi kena musibah. saben panuku sing menyang
marang aku kakehan ngutang. dadi arep kepriye aku bisa untung yen mangkana”.
silih Kang Tohar.
“ Ngene Kang, dadi bakul iku kudu pinter.”
“ pinter ?”, Kang Tohar dadi bingung.
“aku nduwe ide Kang. supaya dagangan Kang Tohar tetep payu,
ning panukune ora mung ngutang.”
“ carane?”
“ dadi Kang Tohar bisa
nawakke barang karo nggawe sak-werna slogan. conthone saiki bayar, sesuk
gratis. ning Kang Tohar ora perlu gratiske sesuke. Alasane sloganne kan saiki bayar, sesuk gratis dudu
wingi bayar, saiki gratis.”
“ Ide apik.”
Kang Tohar setuju karo sarane Tono. Dheweke nrima matur nuwun
neng Tono. Dheweke banjur nata dagangan lan menyang pasar. Kali, sangantine
neng pasar, Kang Tohar banjur mbukak lapak. Dheweke nglakoke saran saka Tono. Dheweke mbengok
nawakke barang karo saran saka Tono.
Ora pira suwe banjur, teka Bu Kades sing arep tuku beras.
Awalipun, Bu Kades ora kegeret kanggo tuku beras neng panggon Kang Tohar. Ning
sakwise rumangsa kegeret karo panganyang saka Kang Tohar, Bu Kades dadi tuku
beras neng panggon Kang Tohar.
“ Kang, berase loro karung. ning sesuk gratis to”. tembung Bu
Kades.
“ iya, bu. saiki
bayar, sesuk gratis.”
“ matur nuwun Kang. iki dhuwite.”
Bu Kades seneng banget amarga esok dina Bu Kades bisa tuku
beras sacara gratis neng panggon Kang Tohar. Bu Kades nyeritakake hal iku marang wong-wong neng
pasar. Wong-wong sing kegeret karo panganyang kuwi, anyak menyang lapak Kang Tohar. Kang Tohar kaget
karo kekedadean iku. Para panuku tanpa menaruh rasa curiga tuku barang neng
panggon Kang Tohar, karo harapan esok dina bisa tuku luwih akeh sacara gratis
padha karo panawenipun. Kang Tohar dadi seneng banget. Jebulna Tono pancen anak
sing cerdas. Kang Tohar ngujar jero atine, yen dheweke kedadean mbisa antuk
untung gedhe. Kang Tohar arep mbagi karo Tono.
Keesokan dinane, Bu Kades menyang meneh pinuju lapak Kang Tohar bareng
bojone, pak Kades. Kang Tohar sengaja mbukak lapaknya luwih esuk, kanggo
nyambut para calon panukune. Deleng Bu Kades wus teka, dheweke seneng banget.
“ Kang, beras lima karung?”. tembung Bu Kades.
“ lima karung ? apik.”
“ ning gratis ora ? eling saiki bayar, sesuk gratis.”
“ bener, saiki bayar sesuk gratis. iki .”
“ matur nuwun”.
Bu Kades banjur lunga saka lapak Kang Tohar, karo bantuan saking
pak Kades, Bu Kades nggawa lima karung beras . Kang Tohar dadi bingung. Kang
Tohar banjur ngendelake jangkah Bu Kades.
“ Bu Kades, tunggu sedhela endi dhuwite.”
“ dhuwit ? lho ta saiki bayar, sesuk gratis.”
“ bener, endi dhuwite ?.”
Pak Kades anyar mudhunke karung beras sing dipikule. Lan
narekne neng Bu Kades babagan apa sing sabenere kedadean. Sakwise mbisa
pamertelan saka Bu Kades, pak Kades paham Kang Tohar arep ngapusi Bu Kades.
“ Kang Tohar kepriye? ikekne gratis. Eling ujar kok saiki
bayar, sesuk gratis”, ancam pak Kades.
“ bener, ning endi dhuwite ?”
“ pangarah kok kepriye?”, pak Kades dadi bingung.
“ aku ta ngujare saiki bayar sesuk gratis. yen mangkana endi saiki
dibayar dhisik, gratise sesuk”.
“ Lho, wingi bojo ku
wis bayar. berarti gratis saiki.”
“ enak wae. sing aku tawakne kuwi saiki bayar, sesuk gratis.
dudu wingi bayar, saiki gratis.”
Amarga emosinya wis memuncak, pak Kades banjur nggeret
tangan Kang Tohar. Deleng kedadean kuwi
Bu Kades dadi panik.
“ Lho, pak aku arep digawa neng ngendi?”, takon Kang Tohar
karo cemas.
“ wis, saiki koe tak ajak menyang kantor polisi. Awake dhewe
rampungke masalah iki”.
“ kantor polisi? Waduh cilaka aku. yen mangkene jenenge ora
dadi untung. wis kena utang, saiki digawa menyang kantor polisi. iki jenenge
pupur sawise benjut. Edan.”
►Diposting oleh
:Unknown
:
di
09.33
Langganan:
Posting Komentar (Atom)
0 komentar:
Posting Komentar